Gajah sing Seneng Nulung
Ing sawijining dina ana Gajah sing apikan
banget marang samubarang kewan. Awake Gajah kuwi gedhe dhuwur lan lemu, tlalene
dawa lan kuat. Gajah ugo duwe gadhing cacahe loro sing kuat lan kukuh utawa ora
gampang tugel. Gajah sing apik atine seneng tetulung marang kewan-kewan sing
lagi nandhang kasusahan, ora preduli kewan iku awake gedhe utawa cilik kaya
dene Tikus lan Semut.
Ing sawijining dina, Gajah lagi
mlaku-mlaku ngubengi alas lan kepethuk karo macan sing lagi kelaran amargo kerubuhan wit.
“Gajah....Gajah tulungi aku!” Pambengoke Macan kanthi nahan lara.
Krungu pambengoke macan, Gajah age-age
aweh pitulungan kanthi njunjung wit sing jepit lan ngrubuhi awake macan mau migunakake tlalene sing kuwat iku.
“Matur nuwun Gajah. Saumpama kowe ora ndang aweh pitulungan marang
awakku, aku bisa mati kejepit wit sing gedhe banget iki. Pisan maneh matur
nuwun ya, Gajah”, ujare
macan.
Banjur Gajah semaur, “Untunge kowe mung
tatu sethithik, Can Macan!”
“Kowe bener, Gajah .Rasane ora ono kewan liya sing bisa aweh
pitulungan marang aku, kanggo ngangkat wit gedhe mau sakliyane kowe”, semaure Macan.
Gajah uga semaur, “Wis....wis awake dhewe
iku kudu tansaya tulung tinulung marang sapa wae, iya ta Can?”
Gajah ora tau umuk, kamangka dheweke
nduweni kekuatan linuwih tinimbang kewan-kewan liyane. Gajah tetep andhap asor.
Gajah banjur nerusake lakune. Ing tengah dalan kepethuk karo kancil kang
kecemplung tlaga.
Critane mangkene, bubar mangan timun ing
tandurane Pak Tani, Ing njero ati kancil ngomong, “Wetengku wis wareg, saiki aku kudu golek omben ing kali”.
Kancil banjur lungo saka kebone Pak
Tani, mlaku menyang kali kanggo ngombe. Sawise mlaku lan tekan pinggire kali, kancil
ora bisa entuk banyu amarga kaline asat lan blas wis ora ana banyune. Kancil krasa ngelak
lan gulune wis garing.
Kancil banjur ngubengi alas kanggo golek
banyu. Atine kancil rasane
kuciwa banget amarga nalika tekan pinggiring rawa lan tlaga tetep ora isa enthuk banyu. Dalan siji-sijine supaya bisa ngombe kudu
teka menyang tlaga gedhe ing tengah alas.
“Saiki aku kudu lungo menyang tlaga gedhe
ing tengah alas kae. Ing kana mesti akeh banyu kanggo ngombe .... ahhh rasane segerrr
tenan”, panemune kancil ing
njero ati.
Sawise pirang-pirang dina, kancil liwat
sisihe wit jati lan kasil teka ing pinggire tlaga gedhe ing tengah alas.
“Pranyata bener, banyu ing tlaga iki isih
akeh”, ujare kancil.
Sejatine tlaga kasebut ukurane cilik lan
jero banget nalika wayah rendheng. Nanging amarga wayah ketiga banyu ing tlaga kasebut namung separo saengga tlaga katon gedhe
banget. Tanpa mikir-mikir maneh, Kancil banjur nyedhak meyang tlaga.
Kancil katon bungah amarga entuk banyu
kanggo ngombe. Kancil ngombe kanthi sageleme dhewe saengga gulune teles ora
garing maneh lan awake dadi seger. Nanging nalika kancil lagi mlaku mulih, dheweke
tiba lan kecemplung ing tlaga mau. Kancil banjur bengok-bengok njaluk pitulungan. Untunge Gajah krungu pambengoke kancil lan
untunge Gajah banjur nyedhak ing tlaga. Gajah banjur menehi pitulungan marang
Kancil. Gajah njaluk tulung marang manuk Tilang supaya nggoleki kethek saperlu menek wit ngarahi tali.
Kethek wis tekan pinggir kali tlaga nggawa
tali, banjur
diuncalake menyang Kancil. Nalika kancil wis nyandhak tali mau, banjur
ngongkon nyekeli tali kanthi seret. Gajah banjur narik tali kasebut kanthi
direwangi Kethek.
Ing pungkasan, Kancil bisa slamet lan ngucapake matur
nuwun karo Gajah, Manuk Tilang, lan Kethek amarga wis lila legawa aweh
pambiyantu marang dheweke.
profile durung diupdate..
BalasHapus